BOCAH KUTHA MLEBU DESA
Keluargane bapak Pariyono kuwi
keluarga sing makmur lan sukses tenan.
Bapak Pariyono gadhah putra tunggal naminipun Winda. Ing sabendinane Winda kuwi
bocah kang ngadi-adi deweke urip kanthi mulya, kabeh fasilitas ana ing ngomahe
uwis modern. Masak nganggo mesin, lan sakkabehaning urip sarwa fasilitas mewah.
Wektu preinan sekolah Winda sakluawarga dolan ing daleme Budhene ana ing desa
Sikepan.Winda lan keluargane menyang Desa Sikepan numpak motor mabur saka
Jakarta tekan Yogjo banjur numpak taksi tekan Dusun Sikepan. Resvi pancen bocah
kutha sing sugeh tenan, dadi menawa mlebu ndesa ya kaya mengkono sikape.
Sithik-sithik sambat, sithik-sithik sambat emoh ngenengono, jijik iki kuwi. Ya
lumrah bae kahanan uripe nalika ana ing Kutha pancen beda banget karo urip ana
ing desa.
Esuk
kuwi Winda lan keluargane didawuhi dahar dening Budhene amarga sekul lan lawuh iwak teri uwis dicawisake dening budhene.
Budhe :Ayo..
mangga didhahar sak wontenanipun, namung gadhah iwak teri karo sambel trasi.
Ibu :Enggih, mboten napa-napa, niki sampun
enak, maem iwak teri
Winda :Wah,,, makanan apa ini ? Menjijikan. Inikan
makanan kucing,
Bapak :Hush, jangan ngomong sekasar itu,
Budhe :Aduh,,, nduk mbok nganggo basa jawa, budhe ra
reti ngomong opo to koweki?
Winda
: Alah panganan apa iki, njijiki kaya panganan kucing wae !
Bapak : Winda, bukan berarti kamu harus mentranslate bahasamu itu ke bahasa
Jawa . Kamuharushormati budhe dan pakdemu ini to !
Winda : Nggih- ngih...
Banjur, kabeh pada daharan ana ing
amben. Winda
ora banjur mangan panganane, nangging malah kur molak-malik
sega. Banjur dheweke lungan ana ing mburi omah, banjur mbuang segane dipakaake Jago. Ananging budhene ngerti nalika
Winda makaake segane
Budhe : Resvi, lagi
ngapa kowe. Segane aja dibuang- buang mengko pitike dadi mati lo. Ampun nggih !
Resvi : Lo piya ta, wong dipakani kok dadi mati.Kowe
mbalah untung ya tik ya... bisa tak pakani ? ( Resvi ngomong dhewe sambi
ngelus-elus pitik)
Esuke nalika Winda lagi leyehleyeh ing
amben ngarep omah, budhene metu arep
menyang sawah Resvi takon marang budhene
Resvi
: budhe badhe dateng pundi ta ? kok mbeta gebug
Budhe
: Gebug apa Vi, wong budhe nggawa pacul kok !
Resvi
: La nggih pacul, kagem napa budhe? Budhe badhe tindak pundi ?
Budhe : Budhe arep
menyang sawah arep tandur karo mbenaake
galengan jebol di bolongi yuyu
Resvi
: Oooo.. ( Anangging Resvi tetep ora mudheng)
Budhe : Yo melu budhe
wae pa piye menyang sawah, budhe arep tandur. Nang sawah sesawangane apik,
mengko yen kowe weruh kowe mesthi kesemsem!
Resvi
: Oh nggih budhe kula yak mbeta topi riyin, supaya ora ireng budhe !
Banjur Resvi lan budhene menyang sawah
arep nandur pari. Ra ana sakwetara wektu Resvi banjur tekan ana ing sawahe
budhene.
Budhe : Lah... iki
sawahe budhe jembar ta ?, iki mbiyen warisane saka mbahbuyutmu !Wis ket mbiyen
budhe lan Pakde ngruwat sawah iki, nganti saiki.
Resvi :Oooooo, nganten budhe ? njut budhe badhe menapa ta ?
Budhe : Budhe arep
tandur. Tandur kuwi, nandur kanthi nyebloake oyot-oyot taneman pari tekan 10-15
cm ing ngisor lendut.
Resvi
: Ohh nganten ... Budhe kula tak teng nggubuk riyin ngih ?
Budhe
: Ya kana, budhe tak tandur dhisik. Ati-ati nggone mlaku ndak keceblok
Resvi :
Wah apik tenan pemandangane, adem seger. Lumayan kanggo ngumbah mripat J
Resvi kesemsem karo sesawangan ana
ing sawah mau dheweke weruh ana akeh
kewan cilik sing mabur saknduwure wit pari.Ana capung, kupu, lan sakliya-
liyane.
Resvi : Wah apa kae kok
ana kebo keceblok yaa apa kae lagi ditulungi karo uwang. Ning nek ditulungi kok
digawa mubeng-mubeng ta ? lagi ngapa ta pak tani kae ?
Banjur budhene mara marga uwis sayah
anggone tandur. Panjenengane arep leren saktlereman ana ing gubug mau
Budhe
: Kowe ki ngapa Vi, kok ndrememeng dhewe?
Resvi : Niku lo budhe.
Ana kebo keceblok ning karo tiyange ora ditulungi malak dijak muter-muter nang
lendut ( Resvi ngacungi tiyang mau, sambi ndelokake tiyang mau)
Budhe : Woalah...
pancen bicah kutha yen mlebu ndesa. Kae kadang tani lagi wae ngluku lan nggaru
nganggo kebo.
Resvi
: Ngluku.... nngaru napa niku budhe ? tak kira kebo keceblok
Budhe : ( nyiling wedang banjur ngombe), Ngene wae
yen gelem sambi budhe leren tak terangke wae kepiye urut-urutane nandur pari tak kira iku bakal wigati banget
kanggo kowe ??
Resvi
: Ngih purun budhe, kepripun ta budhe urut- urutane ?
Budhe : Sing kepisan
lemah kang arep ditanduri pari kudu diolah disik, nangging supaya gampang anggone ngolah sakdurunge ,kudu
di lebi disik yaiku diwenehi banyu supaya gampang anggone para kadang tani
ngolah lemahe.
Resvi : Ooooo ngaten
budhe di lebi riyin, supados gampang anggene ngolah lemah nganten ta budhe.
Saklajengipun menapa budhe ?
Budhe : Bar dilebi
sawah banjur di luku, diluku kuwi malik lemah supaya lemah bisa rata pangangkahe
uga ben kadang tani angggone nandur gampang. Nah diluku kuwi wujude kaya sing
tok delok mau. Sakjanjane dudu kebo
keceblok anangging kuwi petani kang lagi wae ngluku lemahhe supaya lemahe bisa
rata.
Resvi :OO... Dudu keceblok budhe, hehehe, isen aku.
Trus banjur iku opo budhe ?
Budhe : Banjur kuwi langsung di garu supaya lemahe
bisa lembut lan supaya banyune bisa rata. Sinambi nunggu daben supaya bisa
bosok lan dadi rabuk kompos sing iso nyuburke pari sak liyane kuwi supaya
sikile kadhang tani ora kecocok wektu tandur.
Resvi :Oh,, kecocok cocok damene niku to
Budhe :Oh,, iya iya. Sambi nunggu damen e bosok dadi
rabuk, para kadhang tani gawe winihan, gawe winihan kuwii gawe kotakan kanggo
nyebar winih pari.
Resvi :oh,, ngaten to budhe, kula ngertos budhe saklajengenipun
pasti tandur pari ngih ?
Budhe :Mengko sikek, bar kuwiki di tunggu 2 minggunan supaya rada
dhawa nakan 25 cm trus di dhaut,
Resvi :Lho, di dhaut niku napa budhe ?
Budhe :Dhaut iku mbubuti winih pari ana ing kotakan
sing arep di tandur,
Resvi :Oh,, trus tandur budhe ?
Budhe :Yo durung, iseh mengko kuwi
Resvi :Welah, piye to budhe ? Kok ora tandur tandur
to budhe.
Budhe :Welah, ojo kesusu, supaya gampang anggone
nandur winih winih kuwi di banjari ndisik. Mbanjari kuwi mbagi winih rong tekem
tekem banjur didekeake ana ing ler leran pangangkahe supaya kadhang tani supaya
gampang le njumuk lan bisa ngira ira piro butuhe wit pari.
Resvi :Banjur tanem to budhe ?
Budhe :Iya, nek saiki kwe wes bener. di tandur ana
ing sawah sing uwis di olah lemahe. Kayo sing nggone budhe iki, saiki lagi wayahe
tandur. Para petani ngupayaake kaya dene matun, ngrabuk tanduran, lan mbasmi
hama.
Resvi :Trus le dadi beras kapan budhe ?
Budhe :Yo, nunggu pirang pirang wulan ndisiktrus gek
wae di panen, banjur di gebyok trus di gilingake banjur iku wes dadi beras trus
gek d masak njur di maem.
Resvi :Wah,,, angel yo budhe ?
Budhe :Yo, pancel angel. Yo uwes budhe tak
nglanjutake nandur pari, arep melu po piye ?
Resvi :Enggih budhe,kulapengenmelu.
Banjur kuwi resvi lan budhene nandur
pari ing sawah. Resvi melu ngrewangi nangingiseh jijik amarga dheweke durung
tau mudhun ing sawah.WektuWindanjajalnandurpari, lagipertamanyebloakewinihpari,
dhewekemalahndumukkodhokingjerolendhut.BanjurkuwiWindanjeritnjeritlanmlayuamargadhewekewedi
banged karokodhok.
Winda :aaaaaaaaaaaaaaa…. Budhe, tulunganakodhok
Budhe :Kowekingopo to nduk ?
Menganakodhokcilikwaenjeritnjeritkoyoweruhsetanwae.
Winda :Kulawedibangetbudhe, ayowangsulmawonbudhe.
Budhe :Yo owes nekngonokuwi, ayobali
IngtengahdalanwektuWindalanbudhenebalitumujuomah,
budheneketemutangganelanmalahWindandlemingdewe, sebanjurekuwidhewekeketemukebobanjurmalahmbandemikebo
sing anaingcedhakdalankuwi.
Tangga : Kokuwesbaliyu ? Wes rampungtandurpoyu ?
Budhe :Durung e yu,sakjaneisihakehtapiponakankuiki
sing sekokuthangejakbaliamargouwiskesel.
Tangga :Oh… youwisyu, sing atiatinekarepmulih
Budhe :Ya, ndisikya, yu
Tangga :Ya.
Winda :Wah… garagaraanakodhokmautanganakudadigatel, wah, njeleibanget
to,
Budhe :Kowekingopo to nduk ?Mengkonengomahdiobatikaniso to.
Winda :Alah… (nesunesusinambimbandemikebo
sing anaingcedhakdalanbanjurmalahdiuyakkebo)aaaaaaaaaaaaa… anakebonguyakaku
Winda :Alah, budhesesokmanehakuwegahmenyangsawah,
garagaraanakodhokmautangankudadigatelenlanmalahdiuyakkebo.
Budhe :Youweskuwimauyosalahmudewengopokebonemalahmokbandemi.
Winda :Akusebelbanget, tangankumalahtambahgatelikipiye
?
Budhe :Nengsawahikupancenngonokuwi.
Para kadhangtaniuwisbiasanekmengkoyongonokuwi. Para kadhang tani kuwi kudu sregep sabendinangrumat pari lan kudu sabar. Nek
meng kaya gatelenopotlusubenikuwesbiasa. Perjuanganane
para petani kuwi angel
banged, opomaneh kudu telaten. Mugakno kowe kuwi ojo seneng mbuang mbuang sego koyowingikaemudhak mubazir.Mesakakeparapetani
sing uwis angel angelnandurpari.
Resvi :Oh,,,, enggih budhe kula sadar kula mboten
angsal manjakadhosngotenwaetruskulaenggihmbotenangsalmbuang mbuang sego. Mesakake para
kadhang tani sing uwes susah payah nandur pari.
Budhe :Nah ngono lho, kuwi becik kowe kudu sadar,
apik kuwi
Resvi :Enggih budhe.
AkhireWindasadaropo
Tidak ada komentar:
Posting Komentar