Kamis, 11 April 2013

Dialog tetanen tradisional " Bocah kutha mlebu desa"

BOCAH KUTHA MLEBU DESA

            Keluargane bapak Pariyono kuwi keluarga sing makmur  lan sukses tenan. Bapak Pariyono gadhah putra tunggal naminipun Winda. Ing sabendinane Winda kuwi bocah kang ngadi-adi deweke urip kanthi mulya, kabeh fasilitas ana ing ngomahe uwis modern. Masak nganggo mesin, lan sakkabehaning urip sarwa fasilitas mewah. Wektu preinan sekolah Winda sakluawarga dolan ing daleme Budhene ana ing desa Sikepan.Winda lan keluargane menyang Desa Sikepan numpak motor mabur saka Jakarta tekan Yogjo banjur numpak taksi tekan Dusun Sikepan. Resvi pancen bocah kutha sing sugeh tenan, dadi menawa mlebu ndesa ya kaya mengkono sikape. Sithik-sithik sambat, sithik-sithik sambat emoh ngenengono, jijik iki kuwi. Ya lumrah bae kahanan uripe nalika ana ing Kutha pancen beda banget karo urip ana ing desa.
Esuk kuwi Winda lan keluargane didawuhi dahar dening Budhene amarga sekul lan lawuh  iwak teri uwis dicawisake dening budhene.
Budhe  :Ayo.. mangga didhahar sak wontenanipun, namung gadhah iwak teri karo sambel trasi.
Ibu       :Enggih, mboten napa-napa, niki sampun enak, maem iwak teri
Winda  :Wah,,, makanan apa ini ? Menjijikan. Inikan makanan kucing,
Bapak  :Hush, jangan ngomong sekasar itu,
Budhe  :Aduh,,, nduk mbok nganggo basa jawa, budhe ra reti ngomong opo to koweki?
Winda : Alah panganan apa iki, njijiki kaya panganan kucing wae !
Bapak : Winda, bukan berarti kamu  harus mentranslate bahasamu itu ke bahasa
            Jawa . Kamuharushormati budhe dan pakdemu ini to !
Winda  : Nggih- ngih...
            Banjur, kabeh pada daharan ana ing amben. Winda ora banjur mangan panganane, nangging malah kur molak-malik sega. Banjur dheweke lungan ana ing mburi omah, banjur mbuang segane  dipakaake Jago. Ananging budhene ngerti nalika Winda makaake segane
Budhe : Resvi, lagi ngapa kowe. Segane aja dibuang- buang mengko pitike dadi mati lo. Ampun nggih !
Resvi  : Lo piya ta, wong dipakani kok dadi mati.Kowe mbalah untung ya tik ya... bisa tak pakani ? ( Resvi ngomong dhewe sambi ngelus-elus pitik)
            Esuke nalika Winda lagi leyehleyeh ing amben ngarep omah,  budhene metu arep menyang sawah Resvi takon marang budhene
Resvi : budhe badhe dateng pundi ta ? kok mbeta gebug
Budhe : Gebug apa Vi, wong budhe nggawa pacul kok !
Resvi : La nggih pacul, kagem napa budhe? Budhe badhe tindak pundi ?
Budhe : Budhe arep menyang sawah arep tandur  karo mbenaake galengan jebol di bolongi yuyu
Resvi : Oooo.. ( Anangging Resvi tetep ora mudheng)
Budhe : Yo melu budhe wae pa piye menyang sawah, budhe arep tandur. Nang sawah sesawangane apik, mengko yen kowe weruh kowe mesthi kesemsem!
Resvi : Oh nggih budhe kula yak mbeta topi riyin, supaya ora ireng budhe !
            Banjur Resvi lan budhene menyang sawah arep nandur pari. Ra ana sakwetara wektu Resvi banjur tekan ana ing sawahe budhene.
Budhe : Lah... iki sawahe budhe jembar ta ?, iki mbiyen warisane saka mbahbuyutmu !Wis ket mbiyen budhe lan Pakde ngruwat sawah iki, nganti saiki.
Resvi  :Oooooo, nganten budhe ? njut budhe badhe menapa ta ?
Budhe : Budhe arep tandur. Tandur kuwi, nandur kanthi nyebloake oyot-oyot taneman pari tekan 10-15 cm ing ngisor lendut.
Resvi : Ohh nganten ... Budhe kula tak teng nggubuk riyin ngih ?
Budhe : Ya kana, budhe tak tandur dhisik. Ati-ati nggone mlaku ndak keceblok
Resvi   : Wah apik tenan pemandangane, adem seger. Lumayan kanggo ngumbah mripat J
            Resvi kesemsem karo sesawangan ana ing sawah mau  dheweke weruh ana akeh kewan cilik sing mabur saknduwure wit pari.Ana capung, kupu, lan sakliya- liyane.
Resvi : Wah apa kae kok ana kebo keceblok yaa apa kae lagi ditulungi karo uwang. Ning nek ditulungi kok digawa mubeng-mubeng ta ? lagi ngapa ta pak tani kae ?
            Banjur budhene mara marga uwis sayah anggone tandur. Panjenengane arep leren saktlereman ana ing gubug mau
Budhe : Kowe ki ngapa Vi, kok ndrememeng dhewe?
Resvi : Niku lo budhe. Ana kebo keceblok ning karo tiyange ora ditulungi malak dijak muter-muter nang lendut ( Resvi ngacungi tiyang mau, sambi ndelokake tiyang mau)
Budhe : Woalah... pancen bicah kutha yen mlebu ndesa. Kae kadang tani lagi wae ngluku lan nggaru nganggo kebo.
Resvi : Ngluku.... nngaru napa niku budhe ? tak kira kebo keceblok
Budhe : ( nyiling wedang banjur ngombe), Ngene wae yen gelem sambi budhe leren tak terangke wae kepiye urut-urutane  nandur pari tak kira iku bakal wigati banget kanggo kowe ??
Resvi : Ngih purun budhe, kepripun ta budhe urut- urutane ?
Budhe : Sing kepisan lemah kang arep ditanduri pari kudu diolah disik, nangging  supaya gampang anggone ngolah sakdurunge ,kudu di lebi disik yaiku diwenehi banyu supaya gampang anggone para kadang tani ngolah lemahe.
Resvi : Ooooo ngaten budhe di lebi riyin, supados gampang anggene ngolah lemah nganten ta budhe. Saklajengipun menapa budhe ?
Budhe : Bar dilebi sawah banjur di luku, diluku kuwi malik lemah supaya lemah bisa rata pangangkahe uga ben kadang tani angggone nandur gampang. Nah diluku kuwi wujude kaya sing tok  delok mau. Sakjanjane dudu kebo keceblok anangging kuwi petani kang lagi wae ngluku lemahhe supaya lemahe bisa rata.
Resvi   :OO... Dudu keceblok budhe, hehehe, isen aku. Trus banjur iku opo budhe ?
Budhe : Banjur kuwi langsung di garu supaya lemahe bisa lembut lan supaya banyune bisa rata. Sinambi nunggu daben supaya bisa bosok lan dadi rabuk kompos sing iso nyuburke pari sak liyane kuwi supaya sikile kadhang tani ora kecocok wektu tandur.
Resvi   :Oh,, kecocok cocok damene niku to
Budhe :Oh,, iya iya. Sambi nunggu damen e bosok dadi rabuk, para kadhang tani gawe winihan, gawe winihan kuwii gawe kotakan kanggo nyebar winih pari.
Resvi   :oh,, ngaten to budhe, kula ngertos budhe saklajengenipun pasti tandur pari ngih ?
Budhe :Mengko sikek, bar  kuwiki di tunggu 2 minggunan supaya rada dhawa nakan 25 cm trus di dhaut,
Resvi   :Lho, di dhaut niku napa budhe ?
Budhe :Dhaut iku mbubuti winih pari ana ing kotakan sing arep di tandur,
Resvi   :Oh,, trus tandur budhe ?
Budhe :Yo durung, iseh mengko kuwi
Resvi   :Welah, piye to budhe ? Kok ora tandur tandur to budhe.
Budhe :Welah, ojo kesusu, supaya gampang anggone nandur winih winih kuwi di banjari ndisik. Mbanjari kuwi mbagi winih rong tekem tekem banjur didekeake ana ing ler leran pangangkahe supaya kadhang tani supaya gampang le njumuk lan bisa ngira ira piro butuhe wit pari.
Resvi   :Banjur tanem to budhe ?
Budhe :Iya, nek saiki kwe wes bener. di tandur ana ing sawah sing uwis di olah lemahe. Kayo sing nggone budhe iki, saiki lagi wayahe tandur. Para petani ngupayaake kaya dene matun, ngrabuk tanduran, lan mbasmi hama.
Resvi   :Trus le dadi beras kapan budhe ?
Budhe :Yo, nunggu pirang pirang wulan ndisiktrus gek wae di panen, banjur di gebyok trus di gilingake banjur iku wes dadi beras trus gek d masak njur di maem.
Resvi   :Wah,,, angel yo budhe ?
Budhe :Yo, pancel angel. Yo uwes budhe tak nglanjutake nandur pari, arep melu po piye ?
Resvi :Enggih budhe,kulapengenmelu.
            Banjur kuwi resvi lan budhene nandur pari ing sawah. Resvi melu ngrewangi nangingiseh jijik amarga dheweke durung tau mudhun ing sawah.WektuWindanjajalnandurpari, lagipertamanyebloakewinihpari, dhewekemalahndumukkodhokingjerolendhut.BanjurkuwiWindanjeritnjeritlanmlayuamargadhewekewedi banged karokodhok.
Winda  :aaaaaaaaaaaaaaa…. Budhe, tulunganakodhok
Budhe :Kowekingopo to nduk ? Menganakodhokcilikwaenjeritnjeritkoyoweruhsetanwae.
Winda  :Kulawedibangetbudhe, ayowangsulmawonbudhe.
Budhe :Yo owes nekngonokuwi, ayobali
            IngtengahdalanwektuWindalanbudhenebalitumujuomah, budheneketemutangganelanmalahWindandlemingdewe, sebanjurekuwidhewekeketemukebobanjurmalahmbandemikebo sing anaingcedhakdalankuwi.
Tangga  : Kokuwesbaliyu ? Wes rampungtandurpoyu ?
Budhe    :Durung e yu,sakjaneisihakehtapiponakankuiki sing sekokuthangejakbaliamargouwiskesel.
Tangga  :Oh… youwisyu, sing atiatinekarepmulih
Budhe    :Ya, ndisikya, yu
Tangga  :Ya.
Winda    :Wah… garagaraanakodhokmautanganakudadigatel, wah, njeleibanget to,
Budhe    :Kowekingopo to nduk ?Mengkonengomahdiobatikaniso to.
Winda    :Alah… (nesunesusinambimbandemikebo sing anaingcedhakdalanbanjurmalahdiuyakkebo)aaaaaaaaaaaaa… anakebonguyakaku
Winda    :Alah, budhesesokmanehakuwegahmenyangsawah, garagaraanakodhokmautangankudadigatelenlanmalahdiuyakkebo.
Budhe :Youweskuwimauyosalahmudewengopokebonemalahmokbandemi.
Winda  :Akusebelbanget, tangankumalahtambahgatelikipiye ?
Budhe :Nengsawahikupancenngonokuwi. Para kadhangtaniuwisbiasanekmengkoyongonokuwi. Para kadhang tani kuwi kudu sregep sabendinangrumat pari lan kudu sabar. Nek meng kaya gatelenopotlusubenikuwesbiasa. Perjuanganane para petani kuwi angel banged, opomaneh kudu telaten. Mugakno kowe kuwi ojo seneng mbuang mbuang sego koyowingikaemudhak mubazir.Mesakakeparapetani sing uwis angel angelnandurpari.

Resvi   :Oh,,,, enggih budhe kula sadar kula mboten angsal manjakadhosngotenwaetruskulaenggihmbotenangsalmbuang mbuang sego. Mesakake para kadhang tani sing uwes susah payah nandur pari.
Budhe :Nah ngono lho, kuwi becik kowe kudu sadar, apik kuwi
Resvi   :Enggih budhe.

            AkhireWindasadaropo